October 28, 2009

Panembah lan Pangesti

Dhuh, Allah, Pangeran kawula saha Sesembahan kawula ingkang sejati.
Dhuh, Pangeran, inggih amung Tuwan ingkang amurba wasesa jagad ageng tuwin jagad alit inggih sadaya alam saisinipun.
Dhuh, Pangeran, kawula nyuwun lumunturing sih Tuwan, mugi keparenga Tuwan angentas sadaya umat Tuwan
saking jejember dhumateng kasucian,
saking pepeteng dhumateng pepadhang sejati,
saking margi sasar dhumateng margi leres,
saking papa dhumateng kamulyan langgeng,
Dhuh, Suksma Sejati, Panutan saha Guru kawula ingkang sejati, inggih Guruning Jagad, kawula nyuwun mugi katuntuna sadaya umat lumampah ing margi leres inggih margi utami ingkang anjog ing karahayon, katentreman, tuwin kamulyan langgeng inggih ing ngayuning Pangeran Sejati.
Satuhu.

No comments: